Kamis, 28 Februari 2019

TV Hitam Putih

Tanjung Pinang, 3 Januari 2002
Menjumpai Anakku Sutarmi
di Tempat


Bismillahirrahmaanirrahiim
Assalamualaikum Warahamatullahi Wabarakaatuh


Bareng layang iki ora liya Bapa aweh kabar dene Bapa saikine kanti sehat-sehat bae, ora ana alangan sewiji apa, semena uga Sutarmi Bapa daoakan semoga demikian hendaknya. O ya Mi, Bapa tembe sempat gawe surat soale nek bengi kadang Bapa wis lelah, ya dadi ora sempat lan kesel, ya kepriwe maning. O ya Mi, Bapa kayane bulan Pebruari urung bisa blayar maring Kaligondang soale Bapa terus terang bae asih duwe utang karo tokene, ya ora akeh mung 5 atus ewu, Insyaallah bae ana umur panjang sekitar bulan Maret Bapa semoga bisa blayar maring Purbalingga Kaligondang.

Semoga bisa kumpul, ya kepriwe maning Mi nek Bapa utange karo Tokene urung lunas urung lega pikirane, Bapa kejaba saka kuwi mengenai kuliahmu lan karo ngajar yang sing ati-ati Mi Bapa doakan semoga sing tabah dan sabar. Bapa ora bisa mbantu apa-apa bisane mendoakan bisah terlaksana apa sing dadi cita-citamu, ilmu dicari tak ada habisnya lan kanti dibarengi kesabaran dan ketabahan hati dan berdoa kepada Allah SWT semoga dikabulkan doanya.


Lan Bapa uga wis nyurati mama Bapa blayar bulan 3. Bapa duwe cita-cita karo mama nek bali maring Kaligondang, arep maring Jakarta ya maring nggonmu kos nek ana kelonggaran duwit lan mama uga nyurati wis tuku TV walaupun hitam putih, sing penting awet aja kena petir.

O ya Mi, kuwi ko ngabari njaluk diweseli tiprecorder, ya kepriwe maning. Mi gajihe Bapa Rp 450.000 saben bulan potong utange 100.000 (satus ewu) karo Tokene. Wektu arep lebaran Bapa kirim karo mama pas ana liburan dadi madan ya, wektu dina siapa tahu lemburan ana tambahan mbok bisa tuku TIP. Sekian dari Bapa.

Wassalamualaikum Wr. Wb.
Bapa Sumarjo

0 Comments:

Posting Komentar