Minggu, 10 Februari 2019

DONGAKNA AWAN MBENGI

Assalamualaikum Wr Wb

Bismillahirrahmanirrahim

Menemui anaku Sutarmi di tempat yang jauh. Mi, Mama doakan Mi sehat-sehat terus aja nganti ana alangan sawiji apa-apa. Mama mung bisa dedonga muga-muga sing sukses gole kuliah aja nganti nemu godaan apa-apa, kudu sing ngati-ngati.

Mama mung nyuwun karo sing Maha kuasa muga-muga anaku sing bisa kelakasana aja nganti nemu cobaan. Mama neng umah momong Ari karo tunggu umah. Mi, Ari wis pinter banget ngomong Mi, Mama wis aweh alamat maring Bapa. Mbok Bapa arep surati maring ko Mi dadi wis ana alamate.

Mi, Sepatune Wis gutul malah pada seneng banget. Mama mung seneng ko bisa bantu-bantu adine, tapi ko de ngati-ngati aja nganti ora nyekel duit. Neng kono kudu nyekel duwit. Mi, aja nganti telat mangane embok dadi sakit kapong adoh. Wong wektu ne mangan ya kudu mangan.

Kudu sing ngati-ngati aja ceroboh, Mi neng umah ngumah ana anake Uwa Kadi sing neng Lampung lagi kursus montir.

Cukup semene Mi, Mama mung bisane dongakna awan mbengi muga-muga sing kesembadan bisa dadi guru, enggo sangu tua, karo bisa bimbing adi-adine sing loro.

Wassalamualaikum Wr Wb.

Salam kangen...mama Mi? lia dina tek sambung maning.

Surat dari Ibu Suginah dalam bahasa Jawa banyumasan, kepada Sutarmi di Jakarta.

Kenangan yang menguatkan. 2001

0 Comments:

Posting Komentar