Selasa, 12 Februari 2019

Merantau Lagi Ke Tanjung Pinang

Kaligondang 8 Juli 2002
Menjumpai Anakku
Sutarmi/Sugeng P
Di Jakarta

Bismillahirrahmanirrahim
Assalamualaikum Wr Wb

Bareng layang iki ora liya Bapa aweh kabar dene Bapa sekeluarga sing neng Kaligondang sehat-sehat bae ora ana alangan sewiji apa. Semena uga Bapa doakan Sutarmi/Sugeng uga sing pada waras. Kejaba saka iku Bapa mung aweh kabar karo ko lan Sugeng, Bapa arep mangkat maring Tanjung Pinang, nek ora ana alangan mangkate tanggal 11-7-2002 sore semoga Bapa selamat di perjalanan, lan Bapa doakan Sugeng semoga sing lulus ujiane.

O ya Mi, mengenai kos angger bisa ya sing bisa kembul karo ko, mung pesen Bapa/Mama dadi pikirane Bapa/Mama dadi ora khawatir, lan ujiane Sugeng tanggal 9-7-2002 angger lulus Bapa/Mama cepet-cepet dikabari.


Mestine Bapa wis neng Tanjung Pinang, Bapa mung mendoakan semoga sing pada tabah lan sabar. O ya Mi, soal madang maring nggonmu apa Sugeng marani, apa Sugeng masak dewek, angger urung bisa masak dewek ya kon maring nggonmu.

Bise langsung maring pelabuhan Tanjung Priuk Jakarta Utara, ya Bapa mung bisa mendoakan semoga bisa terlaksana, anaku kabeh sing dadi cita-citane mohon dikabulkan keniatane kepada Allah Swt, semoga ujiane Sugeng bisa lulus lan semoga Bapa diberi umur panjang bisa menangi Sutarmi diwisuda setahun yang akan datang.
Cukup semene bae pesan Bapa/Mama
Wassalam dari Bapa
(Bapa Sumarjo)

NB:
O Ya Mi, Bapa/Mama pesen angger Sugeng ngalamun ditegur, nang umah bae cokan ngalamun, lan angger nganggo duwit di irit-irit, wektu asih panjang, apa maning nggo biayane Sugeng ora cukup semending, Bapa mung mendoakan saja semoga kamu diberi murah rezeki lagi berjuang mbela adikmu. Bapa mung bisa mendoakan dari jauh anaku bisa dadi wong berguna.
Sekian

Ditulis ulang dengan rasa kangen, sedih, dan semangat. Terimakasih Ayah Sumarjo, Ibu Suginah, Mba Ami, Mba Siti, dan adikku.
Kenangan yang menguatkan.
Terimakasih juga untuk Anita Rahayu. Patner hidupku.

0 Comments:

Posting Komentar